10.1.18

Jombang

Dapid (8 th) cah Klaten  arep lungo, diterke mbok e nyegat bis. Kernet bis, "Suroboyo, Suroboyo, bu?".
Mbok e Dapid, "Pak tulung nggih, mengke nek pun tekan Jombang, lare niki dikandani.
Kernet: "nggih bu, tariiiikkk".

Nang terminal Solo Dapid takon kernet bis, "Wes cedhak Jombang durung Lik?".
Kernet: "Durung lee ... jek suwe".  Ora let suwe tekan Sragen, Dapid takon maneh, "Wes tekan Jombang Lik?".
Kernet: "Durung Lee ..... jik uuuaduuooohh".

Dapid bosen ora tekan-tekan.  Akhire keturon. Bus terus mlaku arah Suroboyo. Ora kroso bis wis ngliwati Jombang. Kenek lali pesenane mbok e Dapid. Bareng kelingan, kernet langsung omong nang sopir, "Duuh kang, aku duso nang bocah kui, karo nuding Dapid sing lagi turu nggleser.
Sopir, "Lho kenopo, to?".
Kernet, "Mau mboke nitipke, yen tekan Jombang bocahe tulung kandanono".
Sopir, "Wah, lha piye kowe kui. Jombang wes kliwat adoh", Jawab sopire, bingung.

Tujune sopire apikan, gelem balik nang Jombang. Sak wise njaluk persetujuan penumpang liyane, mergo mesakke karo si Dapid. Sak wise bis tekan Jombang, Dapid digugah.
Kernet, "Lee ...tangi lee. Wes tekan Jombang, ki", karo nggoyang goyang awakke Dapid.
Dapid njenggirat, "Wes tekan Jombang lik?", Karo grusa grusu mbukak kantong, ngetokke sangune; sego sambel, lawuhe iwak asin.
Kernet takon, "Arep mudhun kene le?".
Dapid, "Ora Lik..... wong aku arep nang Suroboyo. Mau mbokku pesen, sangune mengko dipangan  nek wes tekan Jombang wae yo lee", jawab Dapid karo muluk sego.

Kernet, sopir, lan kabeh penumpang muni bareng: "WEDHUUUSS tenan cah iki. tiwase mbaliiik!"😄😄😄😋😋😂

Humor siang..smga qt semua ttp sllu dlm lindungan Allah...

/span>

0 komentar:

Posting Komentar